Halaman

Minggu, 09 Februari 2014

Kabudayan Jawa

Tema               : Kabudayan Jawi
Irah-irahan       : Mitoni
Cengkorongan :
-          Pangerten mitoni
-          Maknane mitoni
-          Wektu lan papan kanggo mitoni
-          Tata upacara mitoni

MITONI
Ing tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat kang tekan saiki isih  dilakoni ana ing  sebagian masyarakat Jawa. Tembung mitoni saka tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7′ (pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7. Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining  upacara kang dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sawijining wanita ngandet. Kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ana gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan. Ing dhaerah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertenewong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu déning calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké klapa gadhing enom), medhot lawé utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhurèn.
 Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi. Papan panggonan kanggo upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi pari.Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakokake ana ing ruang keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganakake upacara.
Kang mimpin upacara yaiku dhukun utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua. Tekane dukun luwih asifat seremonial, kang ateges nyiapake lan nglakokake upacara-upacara mitoni. De­ne kang nyi­ram wa­ni­ta kang ngan­dhut yai­ku pa­ra pi­ni­se­puh put­ri kang ca­ca­he pi­tu ut­awa sang­ang wong.  Tata upacara mitoni yaiku:
1.      Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka dosa-dosa dadi menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses kelahirane lancar. Upacara siraman dilakokake ing kamar mandi lan dipimpin dukun utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua
2.      Upacara nglebokake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakokake bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki dilakokake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti gangsar ora ana alangan apa-apa.
3.      Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.
4.      Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanthi motif kang beda-beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang
5.      Upacara nugel  lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu. Janur/lawe bisa diganti nganggo godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon bapak kanti tujuan laire sang jabang bayi lancar.
6.      Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane yaiku sawab (doa lan puji keselametan).
7.      Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku gampang lair kaya didhorong utawa disurung.
8.      Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.
Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebut ing ndhuwur, ateges upacara mitoni dianggep rampung kanthi pratandha donga kang dipimpin dhukun kanhti muteri sesajen. Sesajen ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngramekake upacara mitoni.

2 komentar: